Minggu, 05 Mei 2019

Teks Narasi






Teks narasi tentang peristiwa atau kejadian


Teks Narasi

Wacana narasi yaiku wacana kang mbudidaya nyritakake prastawa utawa kadadeyan kaya-kaya wong kang maca nyekseni dhewe utawa ngalami dhewe prastawa mau. Utawa wacana kang nyritakake kanthi cetha rerangkening tumindak ing sajroning prastawa, kang winates ing sajroning wektu. Wacana narasi iku adate mentingake urutan lan biyasane ana paraga ing sajroning crita.

Wacana narasi bisa awujud kasunyatan uga bisa awujud pangangen-angen utawa mung gawe-gawe. Wacana narasi kang surasane kasunyatan ing antarane biografi (riwayat uripe wong), otobiografi (riwayat uripe wong kang ditulis dhewe), lakon-lakon sejati lan sapanunggalane. Wondene narasi kang awujud pangangen-angen kang diarani novel , crita cekak, crita sambung, crita gambar, lan sapanunggalane.


Pola ngrembakakake wacana narasi kanthi tuntut kawiwitan saka purwaka, yaiku ngenalake paraga kang ana ing sajroning crita lan papan panggonan dumadine crita. Banjur perangan tengah kawiwitan kanthi cecongkrahan kang tumuju marang konflik. Puncake konflik, yaiku klimaks. Sabanjure, perangan pungkasan utawa karampungane crita utawa prekara. Ana pungkasane ceita kang digawe dawa kang nyritakake nasibe paragane, ana uga kang cekak wae malah kepara cetha banget.Wacana narasi iku ana wong werna yaiku:
  1. Wacana narasi ekspositoris yaiku wacana kanh mung menehi katrangan lugu utawa apa anane. Umpamane jeksa nritakake kedadeyan raja pati ing pengadilan
  2. Wacana narasi sugestif yaiku wacana kang ngracik kanthi runtut nganti bisa nggugaj pengangen-angen wong kang maca. Wong kang maca terus bisa njuluk sari/makna anyar kang ora dibeberke kanthi cetha ing wacana mau. Tuladhane: dongeng , crikak lan novel
Prastawa
Prastawa iku kadadeyan kang wis kelakon. Prastawa iku maneka warna. Ana prastawa kang nyenengke, ana uga prastawa kang gawe ati nelangsa. Lulus kanthi biji kang apik, piknik menyang Bali, juwara maca geguritan, iku minangka tuladhane prastawa kang nyenengke. Ewadene kacilakan, kelangan barang, iku minangka tuladha prastwa kang nrenyuhake. Ana uga prastawa nrenyuhake babagan bencana alam, kayata banjir, lindhu, lemah longsor, tsunami, kang bisa mangan korban jiwa.



Contoh Teks Narasi

Grebeg Sekaten




       Saben sasi Mulud ing kutha Surakarta ana tontonan Grebeg Sekaten. Grebeg Sekaten mujudake tontonan tradiri kanggo ngregengake dina kelahirane Nabi Muhammad SAW, kang dipengeti saben tanggal 12 Rabiulawal. Grebeg sekaten mapan ing plataran Mesjid Agung la nana ing alun-alun lor. Kajaba siyar Agama Islm uga ana pasar maleme, mula yen katon rame banget.
Ing Grebeg Sekaten uga ana maneka warna wong dedodolan, kayta  dedodolan dodolan, sesandhangan, panganan lan liya-liyane. Kejaba wong dedodolan uga ana tontonane, kayata Gua Mangleng, Tong Setan, Sulp lan spanunggalane. Kanggo bocah cilik ana maneka warna tetumpakan kayata jinantran, Drumolen, Ombak Banyu, Sepur Kelinci lan isih akeh banget liyane.
     Gamelan kyai Guntur Sari lan Guntur Madu kagungan Sampeyan Dalem Ingkang Sinuwun uga melu ngregengake, kang dipapanke ing bangsal sak ngarepe Mesjid Agung. Malah-malah gamelan iki kang dadi pamore Grebeg Sekaten. Wong sing padha teka ing Grebeg Sekaten durung marem yen durung keprungu suarane gamelan.
      Dodolan kang mesthi ana saben Grebeg Sekten yaiku wong dodol kinang, sega liwet, endhog kamal, pecut, gangsingan, lan celengan. Malah-malah isih okeh sing duweni kpercayan, yen nginang kinange Sekaten bakal awet enom.
       Kanggo mungkasi Grebeg Sekaten yaiku metune Gunungan saka Kerton. Gununganiku awujud tumpeng kang gedhe pepk karomaneka warna sayuran. Yen wis tekan ing pelatarane Mesjid Agung,Gunungan mau banjur dirayah dening wong sing padha nonton.